Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket

- 19 Januari 2022, 10:05 WIB
Ilustrasi - Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket
Ilustrasi - Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket /

PORTAL PEKALONGAN - Ngaji Laku Padepokan Carang Seket kali ini Den Juneng akan menceritaka kisah Wali Paidi episode 50 Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga.

Den Juneng Suhu Padepokan Carang Seket menceritakan kisah Wali Paidi mengenai Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga pada episode 50 sesi Ngaji Laku Padepokan Carang Seket yang terangkum dalam artikel ini.

Berikut portalpekalongan.com merangkumnya pada sesi Ngaji Laku Padepokan Carang Seket kisah Wali Paidi episode Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga yang di ceritakan oleh Den Juneng Suhu Padepokan Carang Seket selengkapnya.

Baca Juga: Ziarah dan Mendoakan Orang yang Sudah Meninggal, Kisah Wali Paidi Episode 49 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket

Angin sore di kediaman Wali Paidi lumayan besar, mirip di pantai, bahkan lebih besar.

Datang Den Ali utuk menanyakan perihal sedulur papat versi Wali Paidi.

Ya Wali Paidi, benarkah sedulur papat limo pancer niku wonten, lan pripun critanipun koh di wastani sedulur papat.

Mekaten Dimas, nderek kitab Carang Seket di ceritakan bahwa, (dasar cerita wayang ala carang seket), diceritakan kanjeng Sunan Kali Jaga bade ndamel cerita wayang inalillahi.

"Wayang inalilkahi si pripun mboten jelas temen," tanya Den Ali.

Nyuwun sewu Dimas, punika wayang innalillahi wa inna ilaihi roji'un yen wong Jawa ora mudheng? Leres niku
Supayane wong Jawa saged mudheng atau faham tak jenengi “Aja Lali Sangkan Paraning Dumadi”, jawab Wali Paidi.

Lha ben uwong ki ora lali karo Sangkan Paraning Dumadi, tak gaweke tembang (Macapat).

Tembang Macapat ki apa? biar manusia bisa slamet kudu bisa maca barang papat.

Barang papat kuwi apa? Kancane nyawa sing medhun nang donya, manggon ing raga. Sing nang sisih tengen malaikat 2 jenenge Malaikat Khafadhoh, sing manggon nang sisih kiwa iblis 2 jenenge Jin Korin.

Iki yen wong Jawa ya ra mudheng. Pramila iki tak jenengi sedulur papat lima pancer.

Yen masalah pancer iki yen awake dewe ora ngerti bisa dadi perkara.

Amarga ing wayah pancer iki merlokake samubarang, nggunakake kekuwatan sing tengen bisa, nganggo kekuwatan sing kiwa uga bisa.

Baca Juga: Kanjeng Ratu Retno Dumilah dan Nyi Ratu Kalinyamat, Kisah Wali Paidi Episode 47 Ngaji Laku PCS

Kayata, wong lanang kang nembe nandhang wuyung maring wong wadhon, arep nggunakake kekuwatan sing tengen bisa, carane puasa 3 dina sing diwaca Ya Rohman Ya Rohim. Sesuk mesti wong wadhone ngomong “I love yau”.

Nggunakake kekuwatan sing kiwa uga bisa, carane puasa ngebleng 3 dina sing diwaca sun amantek aji, ajiku si jaran goyang. Ya pada pada bisa, dadi pada-pada kelakone.

Dadi yen kyai sing tirakate kuwat ya padang, dukun sing ora tau adus yen tirakate kuat ya padang, dadi pada pada padange.

Nggoleki pitik ilang takon kyai ya ketemu, takon dukun sing ra tau adus ya ketemu, mung bedhane sing siji (tengen) kaya padange lampu, sing sijine (kiwa) kaya padange omah kobong.

Nggoleki pitik bengi bengi nggawa lampu senter ya ketemu, nggawa blarak sing di bendel di obong ya ketemu, lampune senter wutuh, blarake kobong entek.

Ya wis yen ngono Dimas, kanti kawitan iki tak gaweke meneh tembang (Maskumambang) medhune nyawa nang alam donya kanti di kapati, di pitoni di kanti waosan Qur'an lan solawat.

(Maskumambang) medhune nyawa nang alam donya kok mlebu nang ragane ibu dadi bayi, mengko yen lahir tak jenengi tembang (Mijil).

Mijil tegese bocah lahir rupa lanang rupa wedhok, yen lanang wedhus 2, yen wedok wedhus 1 di akeqohi di sodakohaken teng tangfa tepalih.

Sakwise Mijil tembange Kinanti.

Kinanti, bocah cilik cilik kuwi Kinanti, kudu di kanti ahklaq di kanti agama, Kinanti cilik cilik kok ora di ajar akhlak, ora dikanti agama mengko ndak mleset. Amarga menungsa arep mlebu tembang Sinom.

Baca Juga: Kota Gede Makam Raja-Raja Mataram Yogyakarta, Kisah Wali Paidi Episode 48 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket

Sinom tegese bocah bakal dadi enom, bocah yen enom ndablek, angel diwulang. Sakwise kuwi tembange Asmorondono.

Asmorondono tegese bocah yen atine wis ke taman asmara, wis wiwit “jatuh cinta”, ora bisa diajari, wong tai kucing wae jarene rasa coklat. Sabare asmarandaba tembange Gambuh.

Gambuh tegese tempuk bocah lanang wadhon mbangun omah omah. Diterusne tembange Dandang Gula.

Dandang Gula tegese dandang pahit, gula legi, yen entuk bojo pinter golek duwit, uripe rukun adem ayem kuwi entuk'e legi kaya gulo.

Nanging yen entuk bojo kok gaweane ming tayuban, karokean, me'el, anane ming ngramal togel, bali bali nggablok, kuwi entuk'e pahit kaya dandang. Dadi wis bisa ngrasakne pahit legine urip. Diteruske tembang Durmo.

Durmo tegese wayahe darmakne raja brana, ilmu, khoirun nass anfa'uhum linnas. Seapik apike menungsa sing manfaat kanggo lian, tapi ora di manfaatke wong lia. Banjur tembange Pangkur.

Pangkur tegese menungsa ngerti ngerti mungkur seko donya, pramila yen ndang mungkur golek dalan sing bener, melbu Masjid, nggolek ulama' sakdurunge mati. Banjur tembang Megatruh.

Megatruh tegese copot raga sak sukmane. Paling keri tembange Pucung.

Baca Juga: Suamimu Minta Izin Nikah? Kisah Wali Paidi Episode 45 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket

Pucung tegese menungsa ming di pocong sluku sluku batok. Yen wis di pocong terus di lebokke nang lawang ciut.

Mula di jenengi Buyut kuwi tegese siap siap mlebu lawang ciut, Yen wis mlebu lawang ciut ketemu karo Malaikat Munkar Nakir.

Yen lali karo Sangkan Paraning Dumadi nalika di takoni malaikat kok ra bisa mangsuli, ya langsung di canggah karo malaikate.

Dadi wareng wedi ndelok akherat, di udhek udek nang neraka, digantung kaya siwur, dithuthuki modal madil kaya tarangan bodol, ajur mumur kaya gedebhok bosok.

Dadi pangkate anak, bapak, simbah, buyut, canggah, wareng, udhek udhek, gantung siwur, tarangan bodol, gedebok bosok.

Iki lho piwulange para ulama mbiyen, piwulang nganggo cara sing “luar biasa”.

Dadi wong Jawa malah padha mudheng, padha guyup rukun, ora malah padha padu pinter pinteran dalil lan hadist.

Itulah kisah Wali Paidi episode 50 Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga yang diceritakan oleh Den Juneng Suhu Padepokan Carang Seket. Semoga bermanfaat.***

Editor: Dimas Diyan Pradikta

Sumber: Padepokan Carang Seket


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah