Setitekna saben tembung sing kowaca!
Yen durung ngerti, wewehana tandha!
Tembung-tembung sing kowenehi tandha kuwi mengko digoleki tegese bebarengan.
Pocung
Bapak Pocung anane ing tanah kudus
Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakaning jalmi
Gigir mbrenjul suku panjang gulu dawa
Bapak Pocung renteng-renteng kaya kalung