Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket

- 19 Januari 2022, 10:05 WIB
Ilustrasi - Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket
Ilustrasi - Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket /

Tembang Macapat ki apa? biar manusia bisa slamet kudu bisa maca barang papat.

Barang papat kuwi apa? Kancane nyawa sing medhun nang donya, manggon ing raga. Sing nang sisih tengen malaikat 2 jenenge Malaikat Khafadhoh, sing manggon nang sisih kiwa iblis 2 jenenge Jin Korin.

Iki yen wong Jawa ya ra mudheng. Pramila iki tak jenengi sedulur papat lima pancer.

Yen masalah pancer iki yen awake dewe ora ngerti bisa dadi perkara.

Amarga ing wayah pancer iki merlokake samubarang, nggunakake kekuwatan sing tengen bisa, nganggo kekuwatan sing kiwa uga bisa.

Baca Juga: Kanjeng Ratu Retno Dumilah dan Nyi Ratu Kalinyamat, Kisah Wali Paidi Episode 47 Ngaji Laku PCS

Kayata, wong lanang kang nembe nandhang wuyung maring wong wadhon, arep nggunakake kekuwatan sing tengen bisa, carane puasa 3 dina sing diwaca Ya Rohman Ya Rohim. Sesuk mesti wong wadhone ngomong “I love yau”.

Nggunakake kekuwatan sing kiwa uga bisa, carane puasa ngebleng 3 dina sing diwaca sun amantek aji, ajiku si jaran goyang. Ya pada pada bisa, dadi pada-pada kelakone.

Dadi yen kyai sing tirakate kuwat ya padang, dukun sing ora tau adus yen tirakate kuat ya padang, dadi pada pada padange.

Nggoleki pitik ilang takon kyai ya ketemu, takon dukun sing ra tau adus ya ketemu, mung bedhane sing siji (tengen) kaya padange lampu, sing sijine (kiwa) kaya padange omah kobong.

Nggoleki pitik bengi bengi nggawa lampu senter ya ketemu, nggawa blarak sing di bendel di obong ya ketemu, lampune senter wutuh, blarake kobong entek.

Ya wis yen ngono Dimas, kanti kawitan iki tak gaweke meneh tembang (Maskumambang) medhune nyawa nang alam donya kanti di kapati, di pitoni di kanti waosan Qur'an lan solawat.

(Maskumambang) medhune nyawa nang alam donya kok mlebu nang ragane ibu dadi bayi, mengko yen lahir tak jenengi tembang (Mijil).

Mijil tegese bocah lahir rupa lanang rupa wedhok, yen lanang wedhus 2, yen wedok wedhus 1 di akeqohi di sodakohaken teng tangfa tepalih.

Sakwise Mijil tembange Kinanti.

Kinanti, bocah cilik cilik kuwi Kinanti, kudu di kanti ahklaq di kanti agama, Kinanti cilik cilik kok ora di ajar akhlak, ora dikanti agama mengko ndak mleset. Amarga menungsa arep mlebu tembang Sinom.

Baca Juga: Kota Gede Makam Raja-Raja Mataram Yogyakarta, Kisah Wali Paidi Episode 48 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket

Halaman:

Editor: Dimas Diyan Pradikta

Sumber: Padepokan Carang Seket


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah