Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket

- 19 Januari 2022, 10:05 WIB
Ilustrasi - Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket
Ilustrasi - Sangkan Paraning Dumadi Sunan Kali Jaga, Kisah Wali Paidi Episode 50 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket /

Sinom tegese bocah bakal dadi enom, bocah yen enom ndablek, angel diwulang. Sakwise kuwi tembange Asmorondono.

Asmorondono tegese bocah yen atine wis ke taman asmara, wis wiwit “jatuh cinta”, ora bisa diajari, wong tai kucing wae jarene rasa coklat. Sabare asmarandaba tembange Gambuh.

Gambuh tegese tempuk bocah lanang wadhon mbangun omah omah. Diterusne tembange Dandang Gula.

Dandang Gula tegese dandang pahit, gula legi, yen entuk bojo pinter golek duwit, uripe rukun adem ayem kuwi entuk'e legi kaya gulo.

Nanging yen entuk bojo kok gaweane ming tayuban, karokean, me'el, anane ming ngramal togel, bali bali nggablok, kuwi entuk'e pahit kaya dandang. Dadi wis bisa ngrasakne pahit legine urip. Diteruske tembang Durmo.

Durmo tegese wayahe darmakne raja brana, ilmu, khoirun nass anfa'uhum linnas. Seapik apike menungsa sing manfaat kanggo lian, tapi ora di manfaatke wong lia. Banjur tembange Pangkur.

Pangkur tegese menungsa ngerti ngerti mungkur seko donya, pramila yen ndang mungkur golek dalan sing bener, melbu Masjid, nggolek ulama' sakdurunge mati. Banjur tembang Megatruh.

Megatruh tegese copot raga sak sukmane. Paling keri tembange Pucung.

Baca Juga: Suamimu Minta Izin Nikah? Kisah Wali Paidi Episode 45 Ngaji Laku Padepokan Carang Seket

Pucung tegese menungsa ming di pocong sluku sluku batok. Yen wis di pocong terus di lebokke nang lawang ciut.

Mula di jenengi Buyut kuwi tegese siap siap mlebu lawang ciut, Yen wis mlebu lawang ciut ketemu karo Malaikat Munkar Nakir.

Halaman:

Editor: Dimas Diyan Pradikta

Sumber: Padepokan Carang Seket


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah